;

pitutur kang apik bag 1

Unknown | 20.47 |     بِسْمِ اللّهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيْمِ


Sedoyo muslimah niku AYU , tapi dudu amergo seng KEMAYU , ananging mergo budi pekerti lan akhlak seng RAHAYU

Sedoyo tiang kakung islam niku GAGAH , tapi dudu amergo seng kakean POLAH , Ananging mergo sregep nglakoni IBADAH

Sedoyo tiang islam niku HEBAT , tapi dudu amergo PANGKAT , anangung mergo iman taqwa ne KUAT

Sedoyo muslimin lan muslimat niku PAHLAWAN , tapi dudu amergo JURAGAN , ananging mergo wani lan semangat sarto teges anggenipun nglampahaken KABENERAN




Repote wong seneng online
Sholate kadang kelalen
Apo maneh statuse rame
Wayah sholat gur komen wae

 

 

MAUIDHOH KHASANAH niku SAE
tapi langkung SAE niku USWATUN KHASANAH

 

 WONG SHOLAT MESTI ISLAM
WONG ISLAM RUNG MESTI SHOLAT

 

WONG SHOLAT MESTI URIP
WONG URIP RUNG MESTI SHOLAT


LEK WUDHU MESTI RAUP
LEK RAUP RUNG MESTI WUDHU



sepiro gedhene nelongso yen tinompo amung dadi cobo

opo sing ing manah kito pikir becik lan apik durung mesthi apik lan becik kanggo wong liyo
niatan apik durung karuan mesti ditompo kanthi apik


Ayo sedulur sing sregep ngaji
Ngaji iku sangune mati
Wong mati iku banget larane
Sebab nyawane ilang saka awake

Wong urip ning donyo iku mung sesaat
monggo sing age age dang taubat
Tobat saking sakabeh maksiyat
Mumpung durung teko wektune wafat

untung temen wong sing gelem sholat
Lan ngakeh-akehne maca sholawat
Sholawat maring nabi Muhammad
Sebab ngajeng-ajeng angsal syafaat

Ya Alloh Gusti kito nyuwun
Pinaringan gesang istiqomah ,
mbejang pejah khusnul khotimah
Pinaringan umur berkah
kangge ibadah kanti ta'at
Lan Nebihi laku maksiat
Pinaringan rizki kathah
saget Kangge amal jariyah
Lan ziarah dateng mekah madinah
Allahumma Amiiin
 
 
  
  


Cilik-cilik diwuruk ngaji,
yen wis gede supoyo aji,
yen wis aji iso belani,
agomo Islam kang diridhani.

Agomo Islam Agomo suci, 
wong gak sembahyang bakale rugi,
rugi donya ora dadi opo,
rugi akhirat bakal ciloko


 Luwih apik di arani cah wadon sok alim amergo ora gelem di ajak pacaran.
Daripada di arani cewek modern model zaman sa'iki seng senengane gonta ganti pasangan

Luwih Apik di Arani cah lanang jereh (wedhi) amergo ora biso ngrayu cewek
Daripada di arani bucah lanang Play boy seng senengane gawe dolanan atine cewek

Amergo sak temene mulyane uwong nang ngarsane Gusti yoiku wong seng pinter jogo kesuciane awak e dhewe

Dudu wong seng sakmestine jrumusne awak e dhewe nang gone jurang ke inoan amergo nuruti howo nefsu ne





Astaghfirullah Al’adzim,
Innallaha ghofururrohiim

Eling-eling siro manungso
Ananing swargo lan neroko
Kuwi walese lakuning ndunyo
Janjine kang moho Kuwoso

Luwih mulya luwih mukti
Rasane nikmate suwarga
Sarwo keturutan lan kecukupan
Ganjaran kang taat lan iman

Luwih lara lan luwih susah
Rasane disiksa ing neroko
Perih siksane tanpo pepadhang
Tumrap kang gumampang dawuh Pangeran

wayah magrib megane abang ,
mumpung urip ayo sembahyang
ono sumur nang tengah sawah ,
tambah umur sregep ngibadah

Ya Alloh kawulo nyuwun ngapuro
Dumateng sedoyo duso kulo

Ayo ngaji .....Ayo ngaji .....Yo podho ngaji.......
Supoyo dadi ngerti..........

Golek o ngelmu nganti teko gendongan sampek tumekane luwangan...
tumekane loangan........
Adu domba.....adu domba.....ech kliru wehehe...

Ibadah ora ono gunane yen siro ora ngerti ilmune
Nyambut gawe raono hasile yen siro ora ngerti carane
Siro ngarepke dunyo kudu nganggo ilmu
Siro ngarepke akherat ugo nganggo ngelmu...

Ayo ngaji....ayo ngaji....yo podho ngaji......



Luwih apik melajang...
→ Dari pada terjerumus Nang perangkep setan...

» Luwih Apik melajang...
» Dari pada terjerumus Nang jurang kemaksiatan...

◦☞ Lebih baik melajang...
◦☞ Dari pada Duwe gandengan seng durung hala l...




TEPO SLIRO..

BISMILLAHI...(Ngawiti ingsung kelawan nyebut Asmane Alloh) ARRAHMANI,,, (Sifat dzat kang maringi welas asih)
ARROHIMI,,, (Tur kang paring rahmad ta'dzim)

Ing ngarso santulodho Ing madya mangun karso
Tutwuri handayani Nyembaho marang Gusti
Welinge kanjeng sunan seng Eiling Lan Waspodho
Urip nang ngalam dunyo kabeh bakale muspro

Pituture nabi iku kabeh dawuhe Gusti
Ayo podho Sholat limo di lakoni
Agomo Ageming aji, busono ajining rogo
Yen kabeh wes nyembah gusti ,gemah ripah lohjinawi
Ayom ayem toto titi tentrem negoroku
Surodirdjo djoyo ningrat lebur deneng pangastuti

Ngati-ngati sak jroning urib , nggenyo siro podho sesrawungan
Ojo adigang adigung adiguno , urip iku ngunduh wohing pakerti

Duweo tepo sliro welas asih lam mituhu , ojo podho seneng ngino
Laku becik besok e bakal ketitik olo bakal ketoro

Umpomo di ennyek kok loro atimu , Yo ojo ngennyek kancamu
Umpomo di jiwit kroso loro , Yo ojo jiwit wong liyo

Lamun siro pingin urip mulyo ,mbokyo duwe tepo sliro
Tangel lamun siro biso mulyo, Yen urip seneng ngino
Midero sak jagat royo , Ora ono cidro ngunduh mulyo

Wong becik mesti ketitik , ugo wong olo bakal ketoro
Nalikane siro nang akhirat mesti ono tulisane
Gusti Allah ora bakal lali kabeh kang wus mbok lakoni


 Naliko kito nandur pari , mesti ono sukette seng tukul karepe dhewe ,
tapi Yen kito nandur suket , ora bakal iso tukul pari
Artine : tumindak seng apik iku kudu di tandur/ perlu belajar ora iso tukul karepe dewe,,,tapi lek tumindak olo iku ora usah belajar iso karepe dhewe

- Yen ono apik ayo teko , yen ono olo ayo lungo , iku piranti bukak lawange suwargo , Opo maneh umur lenyot dino sudo

- barang lan babagan opo wae sing apik/becik kui mbok arepo dielek² koyo opo tetep wae apik, lan kosok baline, barang lan babagan sing ora becik kui mbok arep o diapik² tetep wae ra becik

Gusti Alloh Ingkang Kuwoso,
Ngabulake dongane manungso,
Ngilangake sekabèhe dosa,
Amargo Paduka Paling Kuwoso.

Poro sedulur ayo podho ngabekti,
Marang Gusti Alloh kang paring redjeki,
Awake dhewe mung sak dermi,
Manut marang perintahe Gusti.

Kandjeng Nabi iku dikongkon,
Supoyo manungso ora keno bendon,
Manut pangandikane Kandjeng Nabi,
Urip ono dunyo bakal awèt murni.
Allahuma Amiiiin......

☞ ℬagikan ℳ elalui ☜♡☞

+ komentar + 4 komentar

1 Mei 2015 pukul 06.28

sangat suk baca artikel ini ,,,

20 Agustus 2015 pukul 06.47

Siip mantaaaaaap

20 Agustus 2015 pukul 06.47

Siip mantaaaaaap

20 Agustus 2015 pukul 06.47

Siip mantaaaaaap

 
Support : Web Pribadi | Mas Deny
Copyright © 2012. Diary Nyong - All Rights Reserved
Created by Mas Deny Published by Jasa Website Murah
Proudly powered by Blogger