;

pitutur kang apik bag 2

Unknown | 22.01 |

pitutur jowo part2 (loro)

بِسْمِ اللّهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيْمِ

Assalamu'alaikum wr.....wb....
Alhamdulillah muji syukur dumateng ngarsanipun pangeran ingkang sampun maringaken dateng admin lan pemaos sedoyo njih meniko limpahan rahmat , nikmat , kesehatan , soho umur dowo lan sak sanes-sanesipun ,solawat soho salam mugi unjuk katur dumateng junjungan nabi kito MUHAMAD SAW mugi-mugi benjang enten dinten akhir kulo lan panjenengan sedoyo di pun akoni  minongko umattipun kanjeng nabi amin .

Ten mriki admin bade damel tulodho yakni pitutur JOWO ingkang part2 , ,mugi -mugi lewat tulisan niki sagetto MANFAATTI tumrappe kulo lan panjenengan sedoyo , lan mugi2 sagetto nuntun kulo jenengan wonten dalan ingkang dipun ridhoi pangeran amiin......




سْمِ اللّهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيْمِ
Sirah nganti kanggo sikil
polah
e wong golek duwet
Di rewangi mondar-mandir awak e
mobat mabit Mburu senenge urip

Ojo podho ngongso ono ndunyo
golek bondho carane maneko warno
Senajan rekoso , katon ino
seng penting halal iku ora opo-opo

Rezeki iku di buru bakal mlayu
yen pancen durung jatahmu
Ojo podho serakah , luwih becik pasrah
Sethitik lah seng penting barokah

Paribasane bendinane
lawuhe mung sambel , tahu lan tempe
Senajan mangane sak anane
seng penting awak sehat lahir batine

Opo gunane akeh bandane
nanging ora dadek ake tentrem uripe
Akeh bandane salah gunane
nyengsarak ke marang awak e dewe


  
  •  
    بِسْمِ اللّهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيْمِ
  •  
  •  Yen podho krungu sworo adzan
    gek podho enggal-enggalan
    Tinggalno kabeh kerepotan nuhoni timbalan

    Adzan panggilane pangeran
    aja'an nglakoni sembahyang
    Minongko dadi kewajiban kabeh umat islam

    Yen podho krungu sworo adzan
    njur wudhu nuli dandan
    Nuju papan pangibadahan ngelakoni sembahyang

    Sambi nunggu rawuhe imam
    becik podho puji-pujian
    Menowo komat wes kumandang njur sholat bebarengan

    Ayo podho sholat berjamaah
    ganjarane langkung katah

    Ayo podho sholat berjamaah
    nderek dawuh rosulillah

    dadekno pakulinan yen bubar sembahyang
    sareng-sareng imam podho wiritan
  •  
  •  
 بِسْمِ اللّهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيْمِ

Lamun manungso di cubo kelawan kesenengan lan kemewahan
Kepinginane keturutan uripe sarwo kecukupan
Dewek e ngomong kanti gampang iki kanugrahaning pangeran

Nanging menowo manungso di cubo uripe rekoso
dewek e njur podho kondho jarene allah ora tresno
Anggepe dungane ora pernah di kabulne
sak bendino mung ngersulo perintahe jur di sepelek ke

Ono ndunyo namung sepisan , ojo nganti podo kapusan
Ati-ati karo bujuk e syetan , urip iki mung sawang sinawang
Bab agomo nyawango duwure , ndadek ake sregep ngibadahe
Amprihe siro biso nrimo atine , bondo dunyo nyawango ngisore

Mburu dunyo iku ora ono maremme , menowo siro ora nrimo atine
Ojo podho meri karo kancane , sebab rezeki iku dewe-dewe jatahe
Mulo ayo podho di tingkatne ngibadahe
Nyambut gawe sak biso bisane , mung seng penting halal carane

Elingo poro manungso ojo kondho allah gak tresno
Sugih dudu ukuran mulyo , mlarat dudu ukuran ino
Sugeh mlarat iku ujian tumrape wong seng podho iman
  • Menowo sugeh podho syukuro , menowo mlarat podho sabaro
  •  
  •  
بِسْمِ اللّهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيْمِ

zaman edan akeh wong kang lali marang pangeran

(sholat , ngaji , opo, maneh poso)

mulo poro konco ngelingono ono ndunyo mung sedelo
(neng ndunyane ojo lali akherate)

nyambut gawe koto-koyo bakal urip selawase
(mburu dunyo ora ono entek e)

yen lagi ngibadah koyo-koyo dino sesok bakal pejah
(nyambut gawe ojo lali ngibadahe)

wayah magrib megane abang , mumpung urip ayo sembahyang
(eling ... eling ... zo kang ... )

ono sumur nang tengah sawah , tambah umur sregep ngibadah
(eling ... eling ... zow mbah ...........)

mumpung siro isih waras , ngibadahokanti iklas
(eling ... eling ... zow mas........)

rukun islam ono limo gak sembahyang bakale tuno
 
(eman ... eman ... zow pak ...... )
بِسْمِ اللّهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيْمِ

Sedulur podho eilingo , siro urip ono ing ngalam dunyo
temenono anggonmu ngaji , tembe mburi ben ora rugi

Ngelingono lamun wes mati , wes wancine ora biso nyelak_i
Di sandangi sarwo putih , yen wes budal ora biso mulih

Di tumpakne kereto jowo , rudho papat rupo manungso
Jujukane ing jero guo , tanpo bantal tanpo keloso

Di selehke ngalor mujure , guwone banget ciutte
Ing kunu ora ono lawange , turu dewe ora ono kancane

Di tutupi anjang-anjang , di uruki di siram kembang
Yen uribpe gelem sembahyang , alam kubure bakal padang

Yen urippe ra gelem sembahyang , di sikso ping pirang-pirang
  بِسْمِ اللّهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيْمِ

Ayo podho sholat kanggo sangu neng akhirat
Pitulas roka'at rino wengi ojo nganti telat

Yen jejeg sholatte bakal jejeg agamane
yen ninggal solatee bakal rubuh agamane

Wis nyoto sholat iku cagak e agomo
Wes nyoto sholat iku kuncine suargo

Muslimin sedoyo kakung putri enom lan tuo
Mumpung isih ono nduyo ojo ninggal sholat limo

Mbesok dino kiamat kabeh amal bakal di hisab
Sholat dadi kunci pitakonan nomer siji

Yen becik sholatte di anggep becik kabeh ngamale
 
Yen usak sholatte di anggep rusak kabeh ngamalle
Pendak dina umur sudo sedino,

mati kuwi ora enom ora tuwo,

ora kroso awake dewe wis soyo tuwo,

juru pati lirak- lirik saben dino,

mula kuwi pada elinga yen bakale pada lungo,

tindakno perintah'e agomo,

Aja mung ngerat Donyo,

diokehi sedekahe ben mbesuk mlebu Swargo.

"Ketupat Janure tuwo" Wonten lepat nyuwun pangapuro.

Sugeng nglampahi warso enggal 2013
t
unyo iki wis tuwo,
Wis tuwo tur keronto-ronto.
Contone akeh putro wani karo wong tuwo,
Akeh joko dadi dudo,
Akeh dudo ngaku joko,
Akeh prawan nglairke putro tanpo bopo,
Akeh rondo towo-towo rogo.
Jare ra penak yen ra dikancani joko.
Akeh omah ibadat ra tau disobo.
Sing disobo malah omahe germo.
Dijak ibadah mesti semoyo.
Jare sambat boyok'e loro.
Sing meneng berarti rumongso.
Sing mesem?lan nggguyu berarti kulino.
Elingo yen sakwayah-wayah dipundut sing kuwoso.
Ora enom ora tuwo.
Malaekat podo ngincer sing leno.
Mulo jo lali ibadah madhep sing kuwoso.
Yen mati ben mlebu surgo.
Yen mlebu surgo jo lali BB-ne digowo.
Ben iso ngabari lan BBm-an karo konco2.
Yen mlebu neroko BB-ne ra usah digowo, amargo sinyale ra ono!
 
 
 
 
Ojo dumeh sugih bondo
Yen pangeran paring loro
Bondo akeh tanpo guno
Dokter mung ngereko doyo

Mulo mumpung siro sugih
Tanjakno jo wigah-wigih
Darmo jo ndadak ditagih
Tetulung jo pilih-pilih

Mumpung siro isih waras
Ngibadaho kanti ikhlas
Yen leloro lagi teko
Sanakmu mung biso dungo

Mumpung siro isih gagah
Mempengo nyengkut jo wegah
Mongko siro yen wus pikun
Ora nelongso karo getun

Mulo konco do elingo
Uripmu sing ngati-ati
Mung sepisan ono dunyo
Yen wus mati ora bali

Gusti Allah wus nyawisi
Islam agomo sejati
Tatanan kang anyukupi
Lahir batin amumpuni

Kitab Qur’an kang sampurno
Tindak Nabi kang pertelo
Sinaunen kang pramono
Sing sregep lan ojo ndleyo

Duh Allah Kang Moho Agung
Mugi paduko maringi
Ngibadah kelawan pitulung
Mergi leres kang mungkasi

Amin Amin Amin Amin
Ya Allah Rabbal ‘Alamin
Mugi Paduko ngabulno
Sedoyo penyuwun kito

Yen sowan Kang Moho Agung
Ojo susah ojo bingung
Janji ridlone pengeran
Udinen nganggo ngamal

Ngamal soleh ora mung siji
Dasare waton ngabekti
nDerek marang Kanjeng Nabi
Muhammad Rasulullahi

mBangun turut ing wong tuwo
Sarto becik maring tonggo
Welaso sak podo-podo
Mulango marang ing popo-popo

Yen ngendiko ngati-ati
Ojo waton angger muni
Raqib-‘Atid kang nulisi
Gusti Allah Kang Ngadili
    Urip donyo ora suwe
Bakal ngalih panggonane
Akherat nggon sejatine
Mung ngamal becik sanguine

Sowanmu mring pangeranmu
Sopo kang dadi kancamu
Sarto opo gegawanmu
Kang nylametake mring awakmu

Kulo sowan maring pangeran
Kulo ijen tanpo rowang
Tanpo sanak tanpo kadang
Bondo kulo katilaran

Yen manungso sampun pejah
Uwal saking griyo sawah
Najan nangis anak simah
Nanging kempal mboten betah

Senajan bebondo-bondo
Morine mung sarung ombo
Anak bojo moro tuwo
Yen wis ngurug banjur lungo

Yen urip tan kabeneran
Bondo kang sapirang-pirang
Ditinggal dinggo rebutan
Anake podo keleleran
 Eling-eling siro manungso
Nemenono nggonmu ngaji
Mumpung durung katekanan
Malaikat juru pati

Awak-awak wangsulono
Pitakonku marang siro
Seko ngendi siro iku
Menyang ngendi tujuanmu

Kulo gesang tanpo nyono
Kulo mboten gadah sejo
Mung kersane Kang Kuwoso
Gesang kulo mung sak dermo

Gesang kulo sak meniko
Inggih wonten ngalam dunyo
Dunyo ngalam kerameyan
Isine apus-apusan

Yen sampun dumugi mongso
Nuli sowan Kang Kuwoso
Siang ndalu sinten nyono
Jer manungso mung sak dermo





Koyo-koyo sa'iki wes tibo mangsane ,
Agomo islam mung kari arane

Langgar lan masjid mung kari bangunane ,
Alqur-an mung kari tulisane
Pemimpin wes podho ilang adile ,
Wong sugih podho ilang lumane

Fakir miskin wes podho ilang sabare ,
Akeh wanito podho ilang wirange

Tiang sa'niki ono sayange ,podho males ibadahe
Ugo males sholat jamaah e senengane sholat dewe

Azdane wes di kumandangne , alesan repot mergawe
Pujian wes di dawakno nanging zo ora gelem teko

Opo maneh sholat subuhe tangine mletek srengenge
Krungu azdan malah kelonan akhire ora subuhan

Ojo piya piye pancenne wes kahanane dunyo koyo ngene ,
Seng sopo wonge pingin slamet uripe syarate kudu kuat iman lan taqwane
-TURI-TURI PUTIH
(tak elingna wong sawiji menawa iku kabeh bakale di bungkus kelawan putih kaya kembange turi)

-DI TANDUR NENG KEBON AGUNG
(Gak ana maneh kejaba nang kuburan)

-CEMLERET TIBO NYEMPLUNG KEPUNDUNG KEMBANGE APA
(Mbuh kembange suargo , embuh kembange neraka tergantung amale dewe-dewe ana ing dunyane)

- Zaman makmur akeh wong kang padha kufur
Senengane tumindak ngawur urip ngelantur angel di atur
Para sedulur kakung lan putri akehana anggane syukur

- Zaman akhir akeh wong kafir
Seneng nuruti nafsu ing pikir ,mondar mandir ora gelem mikir
Para sedulur kakung lan putri ngekehna anggone dzikir

- Wes wancine ayo tobat marang gusti
Mumpung durung teko pati kang wes mesti
Nyuwun maring gusti tobat sak tulusing ati
Wiwit cilik nganti sak iki, Mugi gusti ngijabahi





Kahanane akhir zaman , , ,
Ngalor ngidul podho nerak i pranatan
Tanpho iman nuruti bujuk ing syetan

Yen ra ngunu , , ,

Rebutan karo dulur masalah warisan
Pingin sugih ngrusuhi duwek e liyan

Ora nyono Ora ngiro. . .
Dunyo rusak e tananan
Corak kahanane ,dunyo akeh maksiate lali maring pengeran

Yen menkunu dadine. . .
Nyenengake syetan sak balane
Mulo podho elingo lan waspodho





Yuuk poro konco podho eiling dek zaman semono
Naliko sek di kudang karo wong tuo
Koyo ngopo gedhene pangurbanane
Tanpo pammrih Awit dadi kewajibane

Di kadang lan di kudang sak bendinane
Supoyo besok dadi wong kang ngerti kewajibane
Iso ngangkat derajate wong tuo karo

Sa'iki zamane zaman modern
Bondho dunyo gumelar agawe semseng
Mulane yuk co-konco kito seng Waspodho
PANGESTUNE WONG TUO PUSOKO KITO

=> Kasih sayange wong tuo nang anak iku di ibaratne sak kelopo , tapi lek kasih sayange anak nang wong tuo iku ibaratte mung sak upho

Sak gedhi-gedhine upho ora ngarah iso ngalahne gedhine kelopo senajan kelopo iku mau kecenthet



Sedoyo muslimah niku AYU , tapi dudu amergo seng KEMAYU , ananging mergo budi pekerti lan akhlak seng RAHAYU

Sedoyo tiang kakung islam niku GAGAH , tapi dudu amergo seng kakean POLAH , Ananging mergo sregep nglakoni IBADAH

Sedoyo tiang islam niku HEBAT , tapi dudu amergo PANGKAT , anangung mergo iman taqwa ne KUAT

Sedoyo muslimin lan muslimat niku PAHLAWAN , tapi dudu amergo JURAGAN , ananging mergo wani lan semangat sarto teges anggenipun nglampahaken KABENERAN

Naliko kito nandur pari , mesti ono sukette seng tukul karepe dhewe , tapi lek kito nandur suket , ora bakal iso tukul pari
Artine : tumindak seng apik iku kudu di tandur/ perlu belajar ora iso tukul karepe dewe,,,tapi lek tumindak olo iku ora usah belajar iso karepe dhewe

☞ ℬagikan ℳ elalui ☜♡☞

+ komentar + 4 komentar

1 Februari 2016 pukul 03.06

Seng rupane ijo angel diwoconang hp

15 April 2016 pukul 01.28

Sip

8 Mei 2016 pukul 22.08

Keterpurukan hidup membuat saya melakoni pesugihan di PAK MANDALA,sebelumnya saya Mendapatkan no hp aki (082348985714) dari teman yang sudah sukses kaya, saran PAK MANDALA pesugihan yang cocok untuk saya adalah Bank GHAIB, di waktu itu tanpa banyak perhitungan saya ikuti petunjuk dari aki ,saya sudah sangat bingung dengan hutang yang beratus-ratus juta. Untung saja ada PAK MANDALA yang membantu melalui syareatnya. Saya serahkan umur 1 hari saya untuk ritual ini . pada malam pelaksanaan ritual saya merasa sesuatu yang sangat asing,. Karna merasa tak kuat kemudian saya coba melelapkan diri, entah sadar atau tidak saya melihat sosok makhluk tinggi besar yang memberikan saya kain hitam yang berisi uang 50-100rbuan yang sangat banyak setelah benar-benar sadar saya memeriksa kotak hitam yang telah saya persiapkan sebelumnya atas perintah PAK MANDALA ,dan dengan sangat terkejut saya melihat kotak tersebut penuh dengan uang 50-100ribuan sampai ratusan lembAr banyaknya , tanpa ada rekayasa saya membuat kesaksian ini karna semua ini benar-benar saya alami. SUMPAH DEMI ALLAH DAN ATS NAMA KELUARGA Saya ucapkan ribuan terimkasih kepada PAK MANDALA,saat ini hutang saya telah lunas dan saya tlah memiliki toko elektronik yang lumayan besar . sekali lagi saya ucapkan terimakasih yang sangat besar kepada PAK MANDALA dan keluarga.

9 Desember 2016 pukul 16.17

KAMI SEKELUARGA MENGUCAPKAN BANYAK TERIMA KASIH ATAS BANTUANNYA MBAH , NOMOR YANG MBAH BERIKAN/ 4D SGP& HK SAYA DAPAT (350) JUTA ALHAMDULILLAH TEMBUS, SELURUH HUTANG2 SAYA SUDAH SAYA LUNAS DAN KAMI BISAH USAHA LAGI. JIKA ANDA INGIN SEPERTI SAYA HUB MBAH_PURO _085_342_734_904_ terima kasih.

KAMI SEKELUARGA MENGUCAPKAN BANYAK TERIMA KASIH ATAS BANTUANNYA MBAH , NOMOR YANG MBAH BERIKAN/ 4D SGP& HK SAYA DAPAT (350) JUTA ALHAMDULILLAH TEMBUS, SELURUH HUTANG2 SAYA SUDAH SAYA LUNAS DAN KAMI BISAH USAHA LAGI. JIKA ANDA INGIN SEPERTI SAYA HUB MBAH_PURO _085_342_734_904_ terima kasih.


KAMI SEKELUARGA MENGUCAPKAN BANYAK TERIMA KASIH ATAS BANTUANNYA MBAH , NOMOR YANG MBAH BERIKAN/ 4D SGP& HK SAYA DAPAT (350) JUTA ALHAMDULILLAH TEMBUS, SELURUH HUTANG2 SAYA SUDAH SAYA LUNAS DAN KAMI BISAH USAHA LAGI. JIKA ANDA INGIN SEPERTI SAYA HUB MBAH_PURO _085_342_734_904_ terima kasih.

 
Support : Web Pribadi | Mas Deny
Copyright © 2012. Diary Nyong - All Rights Reserved
Created by Mas Deny Published by Jasa Website Murah
Proudly powered by Blogger