;

PITUTUR LELUHUR JOWO ASLI.

Unknown | 04.06 |

Puji Suci Marang Gusti, Kawulo Tansah Ngabekti.
Åjå sirå wani-wani ngaku Pangéran, sênadyan
kawrúh Ira wís tumêka “Ngadêg Sarirå Tunggal” utåwå
bisa mêngêrtèni
“Manunggaling Kawulå Gusti”
(Janganlah kamu coba berani mengaku Tuhan,
walaupun ilmu pengetahuanmu sudah sampai pada
‘berdiri sebagai Pribadi Tunggal’ atau bisa memahami
“kemanunggalan” makhluk dengan Sang Pencipta)
♥♥♥
Pangéran Kang Måhå Kuwåså (Gusti Allah, Tuhan) iku
siji, angliputi ing ngêndi papan, langgêng, síng
nganakaké jagad iki saisiné, dadi sêsêmbahan wóng
sa-alam donyå kabèh, panêmbahane nganggo carané
dhéwé-dhéwé
(Tuhan Yang Maha Kuasa itu satu, meliputi seluruh
penjuru dunia, yang abadi, yang mencipta bumi
seisinya,
disembah oleh manusia seluruh dunia,
(manusia) menyembah dengan caranya masing-
masing)
♥♥♥
Janma ingkang wus waspadeng semu
sinamun ing samudana, sesadon ingadu manis
(Ciri orang yang sudah cermat akan ilmu
justru selalu merendah diri dan selalu berprasangka
baik)
♥♥♥
Si pengung nora nglegawa, sangsayarda deniro
cacariwis,
Ngandhar-andhar angendhukur, Kandhane nora
kaprah,
saya elok alangka longkanganipun. Kawruhe mung
ana wuwus,
Wuwuse gumaib gaib,kasliring thithik tan kena.
Si wasis waskitha ngalah, ngalingi marang si pingging.
(Si dungu tidak menyadari, bualannya semakin
menjadi jadi,
ngelantur bicara yang tidak-tidak, bicaranya tidak
masuk akal,
makin aneh, membual tak ada jedanya. Ilmunya
sebatas mulut,
kata-katanya di gaib-gaibkan,
dibantah sedikit saja tidak mau, membelalak alisnya
menjadi satu
Lain halnya, Si Pandai cermat dan mengalah, tidak
mau membuka aib si bodoh)
♥♥♥
Nulada laku utama tumrape wong tanah jawi,
Wong agung ing Ngeksiganda, Panembahan Senopati,
Kepati amarsudi sudane hawa lan nepsu,
Pinepsu tapa brata, tanapi ing siyang ratri,
Amamangun karyenak tyasing sesama.
(Contohlah perilaku utama, bagi kalangan orang Jawa
(Nusantara),
orang besar dari Ngeksiganda (Mataram),
Panembahan Senopati,
yang tekun, mengurangi hawa nafsu, dengan jalan
prihatin (bertapa),
serta siang malam selalu berkarya, menentramkan
hati kepada sesama)
♥♥♥
Ing donyå iki ånå róng warnå síng diarani bêbênêr,
yakuwi bênêr mungguhíng Pangéran lan bênêr såkå
kang lagi kuwåså
(Di dunia ini ada dua macam kebenaran, yakni
kebenaran menurut Tuhan dan kebenaran yang
datang dari manusia sedang berkuasa)
♥♥♥
Klabang iku wisané ånå ing capité.
Kålåjêngkíng wisané múng ånå pucúk buntút (êntúp).
Yèn ulå mung dumunúng ånå untuné ulå kang duwé
wiså.
Nangíng yèn durjånå wisané dumunúng ånå ing
sakujúr badan
(Bisa Lipan terletak dicapitnya, bisa kalajengking
hanya terdapat di ujung ekornya, bisa ular hanya
terdapat di gigi taringnya saja, tetapi manusia durjana
seluruh badannya berbisa)
♥♥♥
Ajiníng dhiri iku dumunúng ånå ing lathi lan budi
(Harga diri seseorang terletak di dalam ucapan dan
budi pekertinya)
♥♥♥
Wóng iku kudu ngudi kabêcikan, jalaran kabêcikan
iku sanguníng uríp. Wóng kang ora gêlêm ngudi
kabêcikan iku prasasat sétan
(Setiap orang harus berusaha melaksanakan
kebajikan, sebab kebajikan itu sebagai bekal hidup.
Orang yang tidak mempedulikan kebajikan adalah
sebangsa setan)
♥♥♥
Ngèlmu iku kêlakóné kanthi laku, sênajan akèh
ngèlmuné lamún ora ditangkaraké lan ora
digunakaké, ngèlmu iku tanpå gunå
(Ilmu diperoleh dengan usaha yang giat, walapun
banyak ilmu jika tidak disebarluaskan dan tidak
dimanfaatkan, ilmu tersebut tak kan berguna apa-
apa)
♥♥♥
Wóng linuwíh iku kudu biså ngêpèk ati lan
ngêpénakaké atiné liyan. Yèn kumpúl karo mitrå kudu
biså ngêtrapaké têmbúng kang manís kang pêdhês,
sêpêt, bisa gawé sênêngíng ati. Yèn kumpúl pandhitå
kudu biså ngómóngaké têmbúng kang bêcík. Yèn ånå
sangarêpíng mungsúh kudu biså ngatónaké kuwåså
pangaribåwå kaluwihané
(Orang punya kelebihan harus bisa mengambil hati
dan menentramkan hati orang lain, jika berkumpul
bersama kawan-kawan harus bisa menyesuaikan
ucapan yang manis, yang pedas, yang sepet, bisa
membuat gembira hati orang lain. Bilamana
berkumpul dengan pendhita harus bisa berucap secara
sopan dan baik. Bilamana berada di depan musuh
harus bisa memperlihatkan wibawa dan
kelebihannya)
♥♥♥
Åjå sênêng yèn dèn alêm, åjå sêngit yèn dèn cacad
(Jangan senang jika dipuji, jangan sakit hati jika
dicela).
***
Suro Diro Joyonengrat Lebur Dening Pangastuti.
☞ ℬagikan ℳ elalui ☜♡☞

 
Support : Web Pribadi | Mas Deny
Copyright © 2012. Diary Nyong - All Rights Reserved
Created by Mas Deny Published by Jasa Website Murah
Proudly powered by Blogger